Materi Basa Jawa kelas XII Serat Wedhtama Pupuh kinanthi


Pendhidhikan Moral

Ringkesan

Perangane Serat Wedhatama kang pungkasan, anggitane KGPAA Mangkunegara IV yaiku pupuh Kinanthi.
Ing wulangan iki pupuh Kinanthi mengko arep didhudhah banjur digathuk-gathukake karo kahanane bangsa
Indonesia ing jaman saiki. Tembung kinanthi iku saka tembung kanthi oleh seselan in. Seselan in iki tegese
padha karo ater-ater di-. Dadi, kinanthi tegese dikanthi, dituntun, digandheng, utawa diarahake.


A Maca, nanggapi lan nitik guru gatra, guru lagu, lan quru wilangan teks Serat Wedhatama
pupuh Kinanthi

Kinanthi

Marma den taberi kulup,
angulah lantiping ati,
rina wengi den anedya,
pandak-panduking pambudi,
mbengkas kahardaning driya,
supadya dadya utami.

✓ Pupuh Kinanthi ing Serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 19 pada (bait). Sapada tembang
Kinanthi kiwa iki kawiwitan saka tembung marma tekan tembung utami.

✓Guru gatra saben sapadane tembang kinanthi ana 6 gatra utawa larik.

✓ Guru lagune tembang kinanthi yaiku: u, i, a, i, a, lan i.

✓ Guru wilangane tembang kinanthi iku: 8, 8, 8, 8, 8, Ian 8.

✓ Supaya gampang dieling-eling, guru wilangan lan guru lagune tembang kinanthi, biasane ditulis: 8u,
8i, 8a, 8i, 8a, lan 8i.

B. Mbedhah perangane Serat Wedhatama pupuh Kinanthi

Kaya kang diandharake ing dhuwur, tembang kinanthi iku dibangun saka larikan-larikan kang
diarani guru gatra cacahe enem gatra. Gatra-gatra sajrone pupuh Kinanthi kabeh ana aturane. Aturan
iku gegayutan karo guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Jlentrehe kaya andharan ing ngisor iki.

Cakepan ( syai )
Guru wilangan
Guru lagu
Di tulis
ming/kar/ming/kur/ing/ang/ka/ra/
8
u
8u
a/ka/ra/na/ka/re/nan/mar/di/si/wi/
8
i
8i
si/na/wung/res/mi/ning/ki/dung/
8
a
8a
si/nu/ba/si/nu/kar/ta/
8
i
8i
mrih/kre/tar/ta/pa/kar/ti/ning/il/mu/lu/hung/
8
a
8a
kang/tum/rap/ing/ta/nah/ja/wa/
8
i
8i

C. Ngarang cakepan tembang Kinanthi

Ngarang tembang kinanthi iku kudu manut aturane kang gumathok. Aturan kang gumathoki
kaya kang disebutake ing dhuwur, yaiku guru gatra, quru lagu, lan guru wilangan. Supaya bisa nuk
cakepan tembang kinanthi, wiwitana kanthi gawe ukara bebas! Ukara bebas mau banjur dicocogabe
guru gatrane, guru wilangane, lan guru lagune. Carane nyocogake bisa kanthi ngowahi tembuno.
tembunge utawa ngowahi papane tembung. Cara-cara iku bisa kanthi tetimbangan purwakanthi swara,
purwakanthi sastra, yogyaswara, baliswara, dasa nama, tembung saroja, lan sapanunggale.
Tuladha:

Ukara bebas
Aturan
Cakepan tembang pangkur
negara ndonesia wwes kodhang 
8u
indonesia wes misuwur
gemah lipah loh jinawi
8i
gemah lipah loh jinawi
emane jaman saiki ora karuwan
8a
emane jaman saiki rusak
akeh pimpinan kang padha korupsi
8i
akeh kang padha korupsi
kanggo mbrantas tumindhak kang ala
8a
kanggo brabtas tumindhak ala
pamarentah ngandani revolusi mental
8i
mentale di revolusi
sumber:gagaran ninau basa jawa3 kelas XII

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Materi kelas X Bab panganan tradisional jawa

Materi Basa Jawa SESORAH kelas XI