Postingan

Materi Basa Jawa kelas XII Geguritan

Alam Sawegung Ringkesan Geguritan iku puisi Jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa wae. A. Maca lan nanggapi isine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki. Maca kanthi premati, yen prelu dibolan-baleni.  Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso (/) utawa sigeg (/). Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang  Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe. Menawa cara-cara kasebut wis kolakoni, mesthi bisa kotemokake isine gequritan. Kanthi mentes, apik, ...

Materi Basa Jawa kelas XII Serat Wedhtama Pupuh kinanthi

Pendhidhikan Moral Ringkesan Perangane Serat Wedhatama kang pungkasan, anggitane KGPAA Mangkunegara IV yaiku pupuh Kinanthi. Ing wulangan iki pupuh Kinanthi mengko arep didhudhah banjur digathuk-gathukake karo kahanane bangsa Indonesia ing jaman saiki. Tembung kinanthi iku saka tembung kanthi oleh seselan in. Seselan in iki tegese padha karo ater-ater di-. Dadi, kinanthi tegese dikanthi, dituntun, digandheng, utawa diarahake. A Maca, nanggapi lan nitik guru gatra, guru lagu, lan quru wilangan teks Serat Wedhatama pupuh Kinanthi Kinanthi Marma den taberi kulup, angulah lantiping ati, rina wengi den anedya, pandak-panduking pambudi, mbengkas kahardaning driya, supadya dadya utami. ✓ Pupuh Kinanthi ing Serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 19 pada (bait). Sapada tembang Kinanthi kiwa iki kawiwitan saka tembung marma tekan tembung utami. ✓Guru gatra saben sapadane tembang kinanthi ana 6 gatra utawa larik. ✓ Guru lagune tembang kinanthi yaiku: u, i, a, i,...

Materi Basa Jawa cerkak kelas XI

NJAGA TENTREMENG URIP BEBRAYAN Ringkesan Tembung novel asale saka basa Italia novella kang tegese sawijine crita utawa pawarta sapala/ sacuwil. Dadi, novel iku sawijine crita rekan (fiksi) kang rada landhung. Menawa dibandhingake karo crita cekak, novel iki luwih dawa lan luwih genep isine. A. Maca lan nanggapi isine teks crita cekak lan niteni perangan-perangane Kaya crita rekan liyane, crita ing novel iku sumbere bisa saka kanyatan trus dibumboni, bisa uga murni saka kayalan utawa rekane pangripta/pengarange wae. Sanajan mangkono, perangan-perangan kang mbangun wutuhe novel biasane padha. Perangan-perangan kang mbangun wutuhe crita iku diarani unsur intrinsik, kang nyakup underane prekara (tema), paraga (tokoh lan watake paraga (penokohan), lakune crita (alur/plot), kepiye pangripta anggone nyritakake (point of view), kapan lan papan kedadeane crita kasebut (setting, lan wulangan utawa tuntunan kang ditujokake marang pamaca (amanat). jlentrehe, tema iku underane pre...

Materi Basa Jawa SESORAH kelas XI

Sukur Marang Gusti Iku Wajib Ringkesan  SESORAH Sesorah iku tembung liya saka pidhato. Pidhato iku medharake gagasan sarana lesan kang ditujokake marang wong akeh (masyarakat/bebrayan). Akeh tembung kang maknane padha karo sesorah antara ya tanggap sabda, tanggap wacana, medhar sabda, sabda tama, lan liya-liyane. Sanajan tegese padha, embung-tembung mau kudu patitis anggone ngepasake. Kudu cocog karo unggah-ungguhe. Iraidah teks sesorah A. Maca lan nemokake struktur lan kaidah teks sesorah Sesorah Halalbihalal [1] Assalamu 'alaikum wa rahmatullahi wa barakatuhu, [2] Bapak-bapak, Ibu-ibu, kaum muslimin-muslimat ingkang satuhu kinakbekten. Minal aidzin wal faidzin.[3] Mangga sesarengan kula dherekaken ngonjukaken pudya puji sukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung, Allah SWT, ingkang sampun paring taufik sarta hidayah. [4] Ing kalodhangan menika keparengna kula ngadeg ing ngarsa panjenengan sadaya, saperlu ngaturaken prekawis sakedhik gegayutan...

Materi kelas X Bab panganan tradisional jawa

Panganan Tradisional Jawa Ringkesan Panganan tradisional yaiku panganan kang kondhanging pan utawa diseran tartamu. Saben turhiasane te pangunahing kondhang land a sahe Kayala catalana Makasar nandung yang lansapanungoale A Macalan nanggapi teks Gatekna pethilan teks ngisor iki Tumpeng Tumpeng iku cara nyuguhake sega lan lawuh jroning wangun bucu, amarga saka kuwi banjur diarani sega tumpeng. Olahan sega sing dianggo umume arupa sega kuning, senadyan karep uga digunakake Sega putih basa utawa Sega uduk. Umume tumpeng di suguhake ing tampah Utawa nampan gedhe binder, seka anyaman piring. Tampage dilemeki godhong gedanglan Sega tumpenge dipanggonake ing tengah, di ubengi lawuh kan jangan . Tumpeng biasane di anggo ing upacara tradisional sing sifate seneng utawa sedhih. Tumpeng ing ritual Jawa... B. Nemokake nilai-nilai kang kamot ing teks Babagan kang kudu digatekake yaiku: tumpeng wujude lancip kang umume saka sega kuning utawa putih tumpeng biasane kanggo upacara tr...