Materi Basa Jawa kelas XII Geguritan
Alam Sawegung
Ringkesan
Geguritan iku puisi Jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe
wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung
net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa
wae.
A. Maca lan nanggapi isine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane
Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki.
- Maca kanthi premati, yen prelu dibolan-baleni.
- Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso (/) utawa sigeg (/).
- Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang
- Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite.
- Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe.
Menawa cara-cara kasebut wis kolakoni, mesthi bisa kotemokake isine gequritan. Kanthi mentes,
apik, endah, mengkono, para siswa banjur bisa menehi panemu. Panemu iku bisa setuju (sarujuk), bisa
ora setuju, bisa nyengkuyung, lan bisa uga menehi panemu kang sipate kosok balen (berlawanan).
Apa Bedane
dening Sudi Yatmono
Apa bedane prosa karo puisi
bedane ana ati
apa bedane ati karo gori
bedane mung prakara bumbune
bedane apa bumbune karo sing dibumboni
bedane rak mung ana ing wadhah
apa bedane wadhah karo sing diwadhahi
kuwi rak mung akal pokal gaweane manungsa
Iha apa bedane manungsa karo kewan
ah iku urusane Pangeran
(Mbangun Tuwuh, angka 138)
B. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks geguritan lan njumbuhake karo kahanane bebrayan
Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana
kang nggambarake rasa bungah, rasa sedhih, nggrantes, utawa malah nggambarake rasa serik kang
kepati-pati marang kahanan. Mula saka iku, lumantar geguritan pamaca bisa nemokake tuntunan kang
gegayutan karo kahanan.
C. Nulis geguritan nggunakake ragam basa kang jumbuh utawa cocog karo konteks lan pranatan utawa aturan
Kaya kacetha ing ngarep menawa nulis geguritan iku merdika. Supaya ana gondhelan, prelu
kogatekake bab-bab kaya mengkene.
- Ora kaiket dening aturan utawa pranatan guru gatra, guru wilangan, guru lagu, lan sapanunggale.
- Ngutamakake isi kang mentes, apik, endah, lan becik.
- Bisa nggunakake lelewane basa (purwakanthi, baliswara, saroja, entar, lan sapanunggale)
- Isine bisa pitutur, piweling, kritik, protes, nyindhir, nggresah, pamundhut, lan sapanunggale.
sumber: gagaran ninau basa jawa 3 kelas XII
Mantab
BalasHapus👍👍
BalasHapus