Materi Basa Jawa cerkak kelas XI
NJAGA TENTREMENG URIP BEBRAYAN
Ringkesan
Tembung novel asale saka basa Italia novella kang tegese sawijine crita utawa pawarta sapala/ sacuwil.
Dadi, novel iku sawijine crita rekan (fiksi) kang rada landhung. Menawa dibandhingake karo crita cekak,
novel iki luwih dawa lan luwih genep isine.
A. Maca lan nanggapi isine teks crita cekak lan niteni perangan-perangane
Kaya crita rekan liyane, crita ing novel iku sumbere bisa saka kanyatan trus dibumboni, bisa uga
murni saka kayalan utawa rekane pangripta/pengarange wae. Sanajan mangkono, perangan-perangan
kang mbangun wutuhe novel biasane padha. Perangan-perangan kang mbangun wutuhe crita iku
diarani unsur intrinsik, kang nyakup underane prekara (tema), paraga (tokoh lan watake paraga
(penokohan), lakune crita (alur/plot), kepiye pangripta anggone nyritakake (point of view), kapan
lan papan kedadeane crita kasebut (setting, lan wulangan utawa tuntunan kang ditujokake marang
pamaca (amanat).
jlentrehe, tema iku underane prekara kang dirembug kang dadi sumbere konflik. Tokoh lan
penokohan iku gegayutan karo sapa wae kang dicritakake ing cerkak iku genep karo watake. Kayata:
sabar, wicaksana, galak, judhes, lan sapanunggale. Plot iku gegayutan karo kepiye lakune crita: alure
lumrah/normal/maju utawa alur mundur (inversi). Point of view utawa sudut pandang iku kalungguhane
pangripta sajrone crita. Pengarange dadi paraga utama (“aku' ing crita) apa dadi paraga kang mung
nyritakake ('dheweke' ing crita). Setting gegayutan karo papan lan wektune, crita iku kedadeane ana
ngendi lan kapan kelakone. Dene amanat iku magepokan karo wulangan/tuladha/tuntunan kang
dikandhut utawa diemot ing crita iku.
B. Nemokake tuntunan kang ana jroning teks
novel lan njumbuhake karo kahanane bebrayan
Amanat iku wujude gagasan utawa gagasane pangripta/pangarang kang diajap bisa ditemokake
dening para kang maca. Amanat-amanat iku biasane gegayutan karo niyat utawa pitutur becik, upamane
bab katresnan kalebu tresna marang sasamane, tresna bangsa, tresna budaya, lan sapanunggale. Saliyane
iku amanat uga ana kang gegayutan karo pangibadah utawa ketuhanan (religius), setya marang negara
(patriotisme), pendhidhikan, kabudayan, lan sapanunggale.
C. Nulis sinopsis novel nggunakake ragam basa kang jumbuh/cocog karo konteks lan pranatan/
aturan
Sinopsis iku ringkesan isine crita, kalebu novel. Urutan lan basane sinopsis ora kudu padha karo
urutan lan basa ing novel sumbere. Bakune, nalika nulis sinopsis paraga, watak, wose (inti) crita ora
kena beda karo sumbere, yaiku crita kang digawe sinopsis. Nadyan mengkono, urutan anggone numis
sinopsis ora kudu padha karo urutan ing crita iku. Cekake rembug, sinopsis iku padha karo nyritakake
maneh nganggo basamu dhewe.
D. Naliti sinopsis novel gegayutan karo jumbuhe karo konteks lan pranatan
Naliti sinopsis ing kene mengku karep, kanca padha kanca (sameja upamane) padha bebarengan
bijen-bijenan (saling menilai) sinopsis garapane. Kegiyatan kaya ngene iki umume diarani njlimeti utawa
menyunting. Ing kegiyatan njlimeti iki kang dijlimeti/disunting bisa aksarane, runtute ukara, utawa
tandha wacane. Prekara telu iku mau upama ana kang kleru ya dibenerake, perangan kang kurang
ditambahi, lan perangan kang keladuk ya kudu disuda. Isine crita ora prelu dibenerake, amarga iku hake
panganggit/pengarang kang sipate merdika (bebas). Kamardikan sajrone ngudhal gagasan iku, ing
jagade kasusastran diarani lisensia poetika.
sumber: gagaran nyinau basa jawa 2 kelas XI

Mantap
BalasHapusMatursuwun sanget tulisane mbak, malah nambahi pengetahuan
BalasHapusSipp josss mantap
BalasHapusGud
BalasHapusShepp
BalasHapusMantul
BalasHapusWow
BalasHapusSangat membantu
BalasHapusgood 👍
BalasHapus