Materi Basa Jawa SESORAH kelas XI

Sukur Marang Gusti
Iku Wajib

Ringkesan 
SESORAH

Sesorah iku tembung liya saka pidhato. Pidhato iku medharake gagasan sarana lesan kang ditujokake
marang wong akeh (masyarakat/bebrayan). Akeh tembung kang maknane padha karo sesorah antara
ya tanggap sabda, tanggap wacana, medhar sabda, sabda tama, lan liya-liyane. Sanajan tegese padha,
embung-tembung mau kudu patitis anggone ngepasake. Kudu cocog karo unggah-ungguhe.
Iraidah teks sesorah


A. Maca lan nemokake struktur lan kaidah teks sesorah

Sesorah Halalbihalal [1]

Assalamu 'alaikum wa rahmatullahi wa barakatuhu, [2]
Bapak-bapak, Ibu-ibu, kaum muslimin-muslimat ingkang satuhu
kinakbekten. Minal aidzin wal faidzin.[3]
Mangga sesarengan kula dherekaken ngonjukaken pudya puji
sukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung,
Allah SWT, ingkang sampun paring taufik sarta hidayah. [4]
Ing kalodhangan menika keparengna kula ngadeg ing ngarsa
panjenengan sadaya, saperlu ngaturaken prekawis sakedhik
gegayutan kaliyan acara "Apura ingapura" utawi "Halalbihalal"
warsa 1437 H menika. [5]
Kados ingkang sampun kawuningan bilih minggu kapengker,
umat Islam saindenging Nuswantara samya nindakaken shalat
ied.[6]
Ing wekdal ingkang sae menika mugi-mugi para kaum muslimin
dalah muslimah kepareng njangkepi ibadah siyam kanthi paring
zakat fitrah. [7]
Makaten lan semanten atur kula, nyuwun pangapunten tumrap
sadaya kaladuking atur sarta muranging trapsila. [8]
Wa assalamu'alaikum warahmatullahi wa barakatuhu.[9]

Saka tuladha ringkes teks sesorah
ing nduwur, bisa ditemokake ragangan
(struktur) bakune sesorah, kang nyakup 9
perangan, yaiku:
1. Irah-irahan
2. Salam pambuka
3. Pakurmatan
4. Purwaka basa utawa pambuka
5. Wos utawa isine sesorah
6. Andharan wose sesorah (yen prelu)
7. Pangarep-arep (pangajab)
8. Wasana basa utawa panutup
9. Salam panutup
Bab 3 Sukur marang Gusti Iku Wajib

B. Nanggapi pokok-pokok isine teks sesorah

Sesorah iku cak-cakane mung sairing, tegese
ngrungokake ora duwe wenang liya kajaba mung nam
diwedharake langsung sabubare ngrungokake sesorah, nanging
wong menehi penemu tumrap isine sesorah kudu nggu
paya bisa nanggapi nganggo basa kang sopan para siswa kudu nggatekake sapa kang seson
Nalunggunane luwih dhuwur, sababag, utawa luwih asor tinimbang kang nanggapi. Kanthi mangkono,
kang nanggapi bisa nemtokake nganggo basa ngoko, krama, utawa krama alus.
mung sairing, tegese kang aktip tumindak mung kang sesorah, dene kang
nang liya kajaba mung nampa. Tanggapan marang isine sesorah ora bisa
rungokake sesorah, nanging milih wektu kang ngepasi. Tatacarane
nenu tumrap isine sesorah kudu nggunakake basa kang ngajeni utawa sopan.

C. Nulis teks sesorah kanthi ragam basa padinan

Kaya kang wis kaandharake ing ngarep menawaragangan (struktur) wis gumathok, yaiku irah-irahan;
salam pambuka; pakurmatan; purwaka basa utawa pambuka; wos utawa intine sesorah; andharan wose
sesorah (yen prelu); pangajeng-ajeng (pangajab); wasana basa utawa panutup; lan salam panutup.
Sawise nulis ragangane, banjur dimekarake nganggo basamu dhewe.


D. Maca teks sesorah kanthi nyuwara

Maca kanhi nyuwara iku maca kang ditujokake marang wong liya. Amarga ditujokake marang
wong liya kang ngrungokake, mula sapa wae kang maca kudu bisa ngucapake kanthi: Swala kangan
kedal kang cetha, lan unjal napas kang pener. Menawa anggone maca adu arep karo kang ngrungokake
(kayata ing televisi), kajaba perkara telu mau katambah pamulad kang nyumadulur (komunikatif).

Swara kang cukup tegese kang ngrungokake bisa krungu kanthi cetha lan kepenak, ora keseron ya
ora kelirihen. Kang dikarepake kedal kang cetha iku swarane tembung siji lan sijine kudu jelas bedane.
Swarane /d/, /dh/, /t/, /th/, /a/, /o/, /u/, lan liya-liyane kudu cetha.Unjal napas iku yen ing basa Indonesia
diarani tempo lan penjedaan. Tempo iku gegayutan karo alon-rindhike anggone maca, dene penjedaan
iku gegayutan karo titik utawa komane anggone maca.


SUMBER :GAGARAN NYINAU BASA JAJA 2 KELAS XI 

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Materi kelas X Bab panganan tradisional jawa

Materi Basa Jawa kelas XII Serat Wedhtama Pupuh kinanthi